"WONG EDAN BAGU"

WAHYU PANCA GHA'IB:
1. Kunci.
2. Paweling.
3. Asmo.
4. Mijil.
5. Singkir.

WAHYU PANCA LAKU:
1. Manembahing Kawula Gusti.
2. Manunggaling Kawula Gusti.
3. Leburing Kawula Gusti.
4. Sampurnaning Kawula Gusti.
5. Sampurnaning Pati lan Urip.

Hakikat Hidup:
GALILAH RASA YANG MELIPUTI SELURUH TUBUHMU. KARENA DI DALAM TUBUHMU. ADA FIRMAN TUHAN YANG MENJAMIN HIDUP MATI DAN DUNIA AKHERATMU.
Ttd: Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan

Rabu, 05 November 2014

Sadrema Nglakoni: Lan Sawang-sinawang:

Sadrema Nglakoni:
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan

MANUNGSA iku mung sadrema nglakoni. Lire, rehning wis pinaringan urip, ya urip mau kudu dilakoni. Manungsa ngerti-ngerti wis dadi bocah utawa manungsa cilik, marga nalika isih bayi durung ngerti apa-apa. Manungsa ora bisa milih dilahirake sapa lan ana ngendi. Apa sebabe kok ora dadi anak ratu utawa anak presiden, kok dadi anak petani. Manungsa ora bakal lan bisa protes. Apa sebabe kok mung dadi anak petani mlarat, anak buruh kasar, utawa anak nelayan, kok ora dadi anake wong sugih, anak konglomerat? Dilairake dadi anake sapa bae ya ora ana sing protes, pokoke urip dilakoni.

Kepenak lan ora kepenak, manungsa iku nampa bageyane dhewe-dhewe. Manungsa iku kadidene wayang, sing nasibe ana tangane Ki Dhalang. Kaya paraga fiktif ing film utawa sinetron, nasibe wis tinulis ing skenario.

Banjur apa manungsa ora diwenangake ikhtiar? Apa manungsa mung sadrema nglakoni apa sing digarisake ana skenario? Apa uripe manungsa iku mung manut ilining takdir?

Bab-bab kang magepokan karo lahir, jodho, lan pati kaya-kaya wis ginaris. Dene bab-bab liyane gumantung marang usahane wong siji lan sijine. Dadi ana prekara sing bisa diikhtiari, nanging ya ana bab-bab sing gelem ora gelem kudu dilakoni.

Sing diajab lan sing disesuwun marang Gusti iku mesthine ya sing apik-apik. Kulawarga sing nandhang lara ya disuwun supaya diparingi waras. Yen ana bencana alam ya disuwun tetep slamet. Manungsa wenang nyenyuwun, naing ora wenang nemtokake. Bisa bae sing lara ora waras, sing kena bencana alam ora slamet. Banjur pepuntone: manungsa mung sadrema nglakoni, kabeh mau ana ing astane Sing Gawe Urip.

Tetembungan iku mengku teges menawa uripe manungsa iku ora uwal saka pepesthen. Sabanjure, kanthi nyadhari anane pepesthen mau sesanggane manungsa dadi luwih entheng. Manungsa mung sadrema, kayadene wayang sing nasibe wis katemtokake ing pakem pedhalangan. Gatotkaca wis ginaris nemoni tiwas ing prang Bratayuda, mangkono uga Abimanyu utawa Angkawijaya.

Manungsa kudu tawakal nampa pacoban saka Sing Gawe Urip. Manungsa iku ora uwal saka papesthen, mula ya ora ana cara liya kajaba kanthi ikhlas nampa papesthen mau.

Ana lara ana usada, nanging ora ateges saben lara bisa diusadani. Yen panyuwune ya bisaa bali waras maneh, nanging kabeh mau wis ginaris ing papesthen. Sing lara ora bali waras malah bali ing alam kalanggengan. Manungsa pancen mung sadrema nglakoni. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr… Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan

Sawang-sinawang:
TEMBUNG “sawang-sinawang” utawa “wang-sinawang” iku tegese “sawang-sawangan” sing siji nyawang sijine, sijine nyawang sing siji, si A nyawang si B, si B nyawang si A. Tembung iku mratelakake menawa ing urip padinan wong liya iku kahanane kaya luwih becik lan luwih kepenak katimbang dheweke, mangkono uga suwalike. Menawa ana wong sing alok utawa ngresula wong kae kok luwih beja, luwih kepenak, luwih seneng katimbang awake dhewe, padatan ditanggapi menawa wong iku rak mung sawang-sinawang. Wong liya iku katone luwih beja, luwih kepenak, nanging wong liya mau ya duwe pamawas mangkono menawa nyawang awake dhewe. Ana tetembungan sing nyebutake menawa “rumput di halaman tetangga lebih indah daripada rumput di halaman kita sendiri”. Barang darbeke wong liya katon luwih becik lan luwih pengaji katimbang barang darbeke dhewe. Panguripane wong liya kaya-kaya luwih becik katimbang panguripane dhewe. Rasa-rumangsa kaya mangkono iku bisa nuwuhake panalangsa, ora duwe pemarem lan panarima.

Panyawang kang luwih akeh tumuju marang tata lahir iku durung mesthi benere. Lan maneh, wong siji lan sijine iku ora padha, dadi ora ana piranti sing bisa kanggo ngukur kaluwihan utawa kesuksesane. Ana sing sugih bandha nanging rumangsa ora beja marga ora duwe anak. Ana sing sugih, pangkate dhuwur, nanging ora marem marga anake nakal-nakal lan ora ana sing rampung sekolahe.

Ing kalanganing masyarakat Jawa ana wewarah menawa wong iku aja ndhangak terus, kadhang-kadhang ya perlu ndhingkluk. Lire, aja mung nyawang wong-wong sing tataran panguripane sandhuwurmu, nanging uga nyawanga wong-wong sing tataran panguripane sangisormu. Yen mung nyawang marang wong-wong sing sugih awake dhewe krasa mlarat; yen nyawang wong-wong sing luwih mlarat isih rumangsa luwih beja. Iki ora ateges kok awake dhewe banjur rumangsa beja amarga akeh wong sing luwih mlarat, nanging kanthi nyumurupi kanyatan mau kita banjur duwe panarima, ora mung nelangsa terus.

Sing kurang becik yaiku menawa banjur jor-joran utawa kompetisi kanthi sesidheman. Satemene kompetisi iku becik menawa kanthi mangkono wong banjur cepet maju. Nanging kompetisi utawa perlombaan iku beda karo jor-joran. Jor-joran iku kompetisi sing ora resmi lan ora ana yurine. Jor-joran iku sok gawe ora kepenaking ati, amarga atine tansah goreh mikir kepriye carane supaya ora kalah karo tangga-tanggane. Yen ana wong liya luwih sukses lan luwih maju, atine banjur kebrongot lan ngupadaya aja nganti kalah karo wong liya. Kebrongoting ati iku sing marakake ora tentrem. Tarkadhang amarga kepengin dadi wong sing paling sukses, paling terhormat lan liya-liyane banjur golek dalan trabasan sing nerak angger-anggering negara. Mula ana bae wong sing duwe omah kaya istana, nanging sing duwe malah mung manggon ana lembaga pemasyarakatan.

Wong iku perlu nyawang wong liya, nanging ya aja gampang keblerengen nyawang sing sarwa gumebyar. Sing katone gumebyar iku durung mesthi yen gumebyar temenan lan bisa gawe tentrem lan nuwuhake rasa panarima. Manungsa iku perlu ngudi murih panguripane luwih becik, nanging uga kudu bisa ngukur kekuwatane dhewe. Wong iku kahanan lan kekuwatane beda-beda, kanthi mangkono apa kang bisa kagayuh uga beda-beda. Manungsa iku kudu duwe panarima utawa ngaturake suka sokur marang Pangeran. … He he he . . . Edan Tenan.
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com

http://wongedanbagu.blogspot.com
Posting Komentar