"WONG EDAN BAGU"

WAHYU PANCA GHA'IB:
1. Kunci.
2. Paweling.
3. Asmo.
4. Mijil.
5. Singkir.

WAHYU PANCA LAKU:
1. Manembahing Kawula Gusti.
2. Manunggaling Kawula Gusti.
3. Leburing Kawula Gusti.
4. Sampurnaning Kawula Gusti.
5. Sampurnaning Pati lan Urip.

Hakikat Hidup:
GALILAH RASA YANG MELIPUTI SELURUH TUBUHMU. KARENA DI DALAM TUBUHMU. ADA FIRMAN TUHAN YANG MENJAMIN HIDUP MATI DAN DUNIA AKHERATMU.
Ttd: Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan

Minggu, 02 November 2014

Satriya:

ING agama Hindu ksatria iku mujudake sawijining kasta utawa kelas masyarakat. Masyarakat diperang-perang dadi patang kasta. Sing endhek dhewe sudra, sandhuwure iku waisia, sandhuwure maneh ksatria, dene sing dhuwur dhewe brahmana. Dari ksatria iku klebu kasta sing dhuwur. Satriya utawa wong saka kasta ksatria iku bisa munggah dadi kasta brahmana menawa satriya mau madeg dadi pandhita.

Sing nglungguhi kasta ksatria iku para prajurit, para senapati lan manggalaning yuda. Ing jagading pewayangan satriya iku sing akeh para pangeran lan sentananing nata. Mula satriya iku dipratelakake kadidene ''trahing kusuma rembesing madu''. Sekolah Kasatriyan iku dhek biyen siswane para putra-wayah lan sentana dalem. Kompleks perumahan perwira iku uga asring disebut kasatriyan.

Ing jagading pewayangan mungsuhe satriya iku buta utawa raseksa. Sifating satriya iku kosokbalen karo sifating raseksa. Satriya iku anteng lan alus tindak-tanduke, dene raseksa iku sapari polahe sarwa kasar. Sanajan katone ora mitayani, nanging satriya iku nduweni watak tangguh, tanggon, lan sembada. Satriya iku ora wedi kangelan, ora nolak pakaryan kang abot, ora wedi ngelak lan luwe. Satriya iku kulina mesu raga, mesu budi, lan gentur tapane. Saliyane ora mingkuh ing karya, satriya iku ngugemi bebener, lan tansah siyaga mbelani negara lan para kawula. Satriya iku nengenake lelabuhan tanpa ngarep-arep ganjaran. Cekake, satriya iku sepi ing pamrih rame ing gawe.

Ing kabudayan Jawa tembung satriya iku luwih akeh magepokan karo watak utawa bebuden katimbang karo kelas masyarakat utawa kasta. Satriya iku trahing kusuma rembesing madu, nanging ora ateges sing dudu trahing kusuma iku ora nduweni watak satriya. Ora kabeh sing trahing kusuma iku mesthi awatak satriya. Watak satriya utawa watak buta iku bisa didarbeni dening sadhengah uwong.

Pada sepisan pupuh Mijil ing Serat Wulangreh unine mangkene:
Poma kaki padha dipun eling
mring pituturingong
sira uga satriya arane
kudu anteng jatmika ing budi
ruruh sarta wasis samubarangipun

Dadi sing diarani satriya iku sapa bae kang ''anteng jatmika ing budi'', sing ruruh sarta wasis ing samubarang.

Sing pangawak raseksa bisa bae disebut satriya, waton duwe watak lan bebuden kadidene satriya. Kumbakarna iku raseksa sing gedhe dhuwur nanging nduweni watak satriya. Mula ing Serat Tripama Kumbakarna iku klebu salah sijining paraga kang pantes dadi tepa tuladha. Kosokbaline, Lesmana Mandrakumara, putrane Prabu Duryudana, ora bisa kaewokake satriya awit ora nduweni watak satriya.

Ing donyaning pewayangan satriya kang ''ideal'' iku Raden Janaka utawa Arjuna. Kawawas saka segi fisik, Janaka iku katone ringkih. Manut kandhane buta Cakil bebasan ngidak telek bae orang pendeng. Ing raga kang katone ora mitayani iku sumimpen daya kekuatan kang ngedap-edapi. Pancen, badan wadhag iku ora mesthi mahyaake jiwane. Sing wigati dudu wadhah utawa kemasan, nanging isine. Ana bae sing wadhahe apik jebul isine kosokbalen.

Wataking satriya iku perwira. Watak perwira iku nengenake kuwajiban lan tanggung jawabe salaras karo kalungguhane. Watak perwira iku wedi wirang wani mati. Ing kalanganing TNI perwira iku klebu tataraning pangkat militer kang dhuwur. Kayadene TNI, satriya iku ''pembela Tanah Air, Nusa, dan Bangsa''. Satriya iku alus, ruruh, anteng, tur jatmika, ora seneng sesongaran utawa ''arogan'', nanging mrantasi yen ana gawe parigawe. Satriya iku ora korupsi, ora gelem nyalahgunakake wewenang, ora mung golek kauntungan tumrap dhiri pribadine.

Keh-kehane satriya iku bagus rupane, mula ya tansah dadi pepujane para putri. Satriya iku ora mung mumpuni mungguh ing olah kridhaning yuda, nanging uga wasis ing babagan olah asmara. Keladuking panyandra, satriya kaya Raden Arjuna iku digambarake duwe watak thuk mis. Saben putri ayu digarwa, mula garwane akeh, malah ana putrane sing ora ngerti menawa sing ngukir jiwa ragane iku satriya Madukara.

Ewa semono, nalika lagi tapa Janaka ora kengguh sakehing panggodha. Digodha widadari ayu-ayu ya tetep mantheng tapane. Arjuna ora gelem njugarake tapane yen durung kecekel apa sing dadi gegayuhane.

Ing jaman saiki dibutuhake satriya kang jujur lan adil, sing bisa ngentasake rakyat saka kemiskinan, kasangsaran, kebodhoan lan keterpurukan. Ing jaman kang rekasa kaya saiki iki akeh kang padha ngantu-antu jumedhuling satriya kang bisa mbengkas sawernaning panandhang, sing bisa gawe negarane dadi tata tentrem karta raharja subur makmur gemah ripah loh jinawi. Yen biyen wong-wong padha ngarep-arep jumedhule Ratu Adil, akhir-akhir iki sing diarep-arep tumurune Satriya Piningit. Lha satriya sing diarep-arep iku wis muncul apa isih piningit, walahualam.

Ing jaman saiki uga isih ana satriya, isih ana buta. Kaya kang wis katur, satriya lan buta iku gegambaran wataking manungsa. Watak satriya lan buta loro-lorone bisa dumunung ing dhiri pribadine manungsa. Ing dhiri pribadine manungsa iku ana sifat-sifat becik lan sifat-sifat ala, kari endi kang luwih onjo, watak satriya apa watak butane. Buta-raseksa saiki wis anjrah ana ngendi-endi gawe rusaking bebrayan lan negara. Ing wektu iki sing perlu dibrantas ora mung buta huruf, nanging uga buta cakil, buta terong, buta rambut geni, buta galiyuk, lan sapanunggalane. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan
Posting Komentar