"WONG EDAN BAGU"

WAHYU PANCA GHA'IB:
1. Kunci.
2. Paweling.
3. Asmo.
4. Mijil.
5. Singkir.

WAHYU PANCA LAKU:
1. Manembahing Kawula Gusti.
2. Manunggaling Kawula Gusti.
3. Leburing Kawula Gusti.
4. Sampurnaning Kawula Gusti.
5. Sampurnaning Pati lan Urip.

Hakikat Hidup:
GALILAH RASA YANG MELIPUTI SELURUH TUBUHMU. KARENA DI DALAM TUBUHMU. ADA FIRMAN TUHAN YANG MENJAMIN HIDUP MATI DAN DUNIA AKHERATMU.
Ttd: Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan

Minggu, 02 November 2014

Tansah Ajur-Ajer Ngadhepi Panandhang:

PANCEN ana dina ana upa. Nanging yen ora gelem obah, apa ya tetep bisa mamah? Apamaneh kahanan iku ora langgeng. Donya iku onya. Mula, anggone ngadhepi lan nanggapi uga kudu tansah nut ing jaman lan papan kelakone. Butuh kreativitas lan maneka warna alternatif.

Ing suwalike unen-unen ana dina ana upa, pancen dikandhut rasa optimistis. Nanging optimistis wae ora cukup, yen ora dibarengi tumindak nyata. Kudu gelem makarti lan makarya.

Anane bisa makarti lan makarya kanthi trep lan patitis, ora ana liya kejaba kudu wani ngulir budi. Ngulir budi iku temene ngempakake dayane urip sing kaajab tansah bisa ngurip-uripi. Ngurip-uripi laire, ya luwih-luwih maneh batine.

Jroning ngulir budi, manungsa kudu lantip ing panggraita. Meh padha karo tanggap ing kahanan. Ora mung kahanan kang agal utawa kasat ing mripat, nanging uga kahanan kang alus sing ora bisa dinulu. Lire, bisa maca kanthi patitis marang semu, semon, sasmita, lan sakehing tandha-tandhaning dumadi.

Dene lantip ing panggraita iku karanggeh utawa kapara bisa nyarira tunggal manawa kulina lan tansah ngudi. Pangudine, kanthi tliti lan tanpa kemba anggone maca. Sanajan tradisi literer saya maju, maca iku ora kandheg marang kang gumulung (buku, majalah, koran, lan sapanunggalane), nanging sing ora kalah wigatine maca jagad gumelar. Pituduh sepisanan kang kaemot ing kitab suci uga arupa prentah: maca, iqra!

Maca pancen bisa ngundhakake kawruh. Nanging ora mung daya kognisine sing tambah. Maca uga bisa ngundhakake daya afeksi lan psikomotorik, sikap lan keprigelan. Ing kono iku temene panggraita saya kaungkal satemah saya lantip.

Ewasemono, tetep kudu linambaran rasa pasrah sumarah marang purbaning Kang Mahakuwasa. Sabar lan narima, iku ing antarane representasine. Nanging pasrah, sabar, lan narima iku ora ateges pasif. Ora. Iku mung dadi piranti kontrol supaya ora kemrungsung, apamaneh kumalungkung utawa overconfidence.

Kanthi makarti lan makarya, manungsa ora bakal ngarep-arep tibane rembulan. Ora ana dalile thenguk-thenguk nemu kethuk. Jalarane, kabeh bisa karanggeh karana pabudidaya.

Kanthi prasyarat mau, ora mokal bisa dadi jalma limpad seprapat tamat. Tegese manungsa kang bisa nindakake pakaryan utawa sesanggane kanthi efisien lan efektif.

Kanthi sangu kabeh mau, ora mokal uga manawa banjur bisa ajur-ajer, bisa njumbuhake kahanan. Bisa ngeli, nanging ora nganti keli. Klebu lan luwih-luwih nalika ngadhepi panandhang.

Kanthi lantiping panggraita, manungsa bakale ora kurang ing karti sampeka, ora tuna ing weweka. Ora gumunan, ora kagetan. Uga ora mopo manawa lagi entuk pepalang utawa pacoban. Ora gampang mupus kanthi cepet-cepet nganggep iku wis dadi garising pepesthen, utawa kanthi tembung pasrah tanpa luwih dhisik ikhtiyar kanthi temen.

Saka Wayang;
Ewasemono, wong pancen bisa ngukur marang kekuwatane dhewe. Wani ngilo githoke dhewe. Kudu gelem tepa slira, ora nandhing-nandhing sarira. Ing kene iki, tetembungan bapang den simpangi, ana catur mungkur entuk kontekstualitase.

Yen samengko bangsa iki lagi ngadhepi pacoban, yen titi mangsa iki lagi padha entuk sanggan, kapara kaya-kaya wis kepentok ing dalan, ana apike nyoba mbukak maneh crita wayang minangka kaca benggala. Kaca benggala kang bisa nuduhake kepriye carane golek dalan alternatif nalikane cara sing lumrah dianggep mainstream ora bisa njanjekake marang tujuan.

Ditampik dening Pandhita Drona nalika nglamar dadi putra siswa, ora njalari Bambang Ekalaya nglokro. Dheweke ditampik amarga dudu turune Barata, ora kepetung trahing kusuma rembesing madu. Nanging pepenginane bisa meguru manah marang mahagurune Pandhawa lan Kurawa iku malah saya makantar-kantar.

Ekalaya ora kurang akal. Dheweke tetep meguru Drona nganggo dalan liya. Dheweke sengkud olehe gladhen ngempakake jemparing. Ing papane gladhen iku dheweke gawe patunge Pandhita Drona. Kanthi patung iku, Ekalaya tansah ditunggoni lan diawasi sang guru.

Asile pranyata ora nguciwani. Ekalaya ora mung bisa madhani kepinteran lan keprigelane muride Drona sing paling hebat anggone manah: Arjuna. Ekalaya kapara luwih titis anggone menthang langkat tinimbang satriya panengahe Pandhawa iku.

Dalan alternatif dituduhake dening Ramawijaya nalika arep ngrebut Sinta saka tangane Rahwana. Merga nglurug menyan Alengka kudu nyabrang segara luwih dhisik, mula Rama banjur ada-ada nggawe dalan dhewe. Segara ditambak, kaya kang dicritakake ing lakon Rama Tambak. Kanthi ngetabake bala wanara kang dipimpin Kapi Anila, akhire Rama kelakon lan wadyabalane kelakon ndharat ing tanah sabrang.

Nanging dalan liya lan alternatif iku, kawawas sacara normatif, mesthi wae dudu kaya sing ditindakake dening Aswatama ing lakon Aswatama Nglandhak. Amarga rumangsa gela lan ora keconggah yen kudu adu arep, Aswatama milih dalan buri. Dheweke nindakake aksi teror ing papan dununge kulawarga Pandhawa. Wong-wong wadon dipateni, bocah cilik dicilakani. Nanging akhire dheweke tiwas mung amarga jabang bayi Parikesit mancal senjata Pasopati, satemah ngenani gulune Aswatama.

Mesthi wae bab karti sampeka, Prabu Kresna jagone. Ngadhepi kekuwatane Kurawa sing tikel-tikel tinimbang Pandhawa sing dibotohi, ratu Dwarawati iku tansah ora kurang akal.

Pancan, anggere isih gelem bisa ngulir budi, gelem ngempakake dayane urip, temene masih banyak jalan ke roma.

Kanthi mangkono, ora kena sijine bisa liyane. Ora ana sega, tela ya ora apa-apa. Ora ana tela lan sega, sega aking uga ora dadi baya pangapa. Mengkono sapiturute. Mangkono ing antarane ajur-ajer lan njumbuhake marang kahanan iku. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan
Posting Komentar