"WONG EDAN BAGU"

WAHYU PANCA GHA'IB:
1. Kunci.
2. Paweling.
3. Asmo.
4. Mijil.
5. Singkir.

WAHYU PANCA LAKU:
1. Manembahing Kawula Gusti.
2. Manunggaling Kawula Gusti.
3. Leburing Kawula Gusti.
4. Sampurnaning Kawula Gusti.
5. Sampurnaning Pati lan Urip.

Hakikat Hidup:
GALILAH RASA YANG MELIPUTI SELURUH TUBUHMU. KARENA DI DALAM TUBUHMU. ADA FIRMAN TUHAN YANG MENJAMIN HIDUP MATI DAN DUNIA AKHERATMU.
Ttd: Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan

Selasa, 04 November 2014

WIRIDZ MAKLUMAT DJATI. Bagian. 2

WEJANGAN WIRIDZ MAKHLUMAT DJATI. Sambungan dari Bagian. 1

WEDARAN ILMU KEBATINAN TAREKOT TASAWUF DAN MA’RIFAT YANG PERNAH DI PELAJARI OLEH KI DJAKA TOLOS.


WIRID MAKLUMAT JATI :
Oleh: Wong Edan Bagu.
(PRTP)

Jakarta  tgl 09-09-2009

4. KARANA-JATI
Punika andunungaken menggah kakekatipun dating pangeran ingkang mahasuci, sarehne binasakaken sakalangkung gaib, tanpa rupa tanpa warna, asipat dede jaler, dede estri, dede wandu, sarta boten mawi jaman makam, boten arah boten enggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika isbatipun among cipta sasmita dumunung wonten ingkang waskita, mila dipun kiyas makaten :

Sajatine ora ana apa-apa, sakabehing asya kang kasebut iku dudu tajalining dat kabeh, tegese dudu pangejawantahing pangeran kang mahasuci sajati, iya kang murba masesa kang kwasa mungguh ingsun, kang mahamulya Mahasuci mungguh ingsun.

Enggah wiwisikan makaten punika manawi dereng saged anampeni ing panggalih, mugi den taberi amarsudi ing suraosipun pangimpuning wewejangan- wewejangan sadaya makaten :

Ing sadurunge ana apa-apa, kahananing alam kabir lan alam sahir saisine during padha dumadi kabeh, kang ana dhihin dhewe among dat kang mahasuci, sajatining dat kang Mahasuci iku kang asipat hesa, kabasakaken dat mutlak kadim ajaliabadi, tegese asipat siji, kang mesthi dhihin dhewe, rikala ijih awing- uwung, salawase kahanan kita yaiku jumeneng pribadi ana ing sajroning nuked gaib, kang langgeng dumung ing urip kiat, kayektene yaiku urip kita iki tajalining dat kang Mahasuci sajati, mulane wajib padha bisaa rumeksa marang urip kita pribadi, marga saka ngati – ati, gemi nastiti kang dadi sangkaning panguripan, away nganti kapiran nora jumeneng ing uripe, pahe kang wus tinitah mukmin kas, kareksaning uripe saka wis bias anetepi tokid angantepi iktekad, sabab ing babasan : nora susah Manawa nandhang kamlaratan, nora uwas yen kaluwen, nora marasa yen lagi ginanjar lara, nora miris tekaning pati. Manawa taksih tinitah kawula ngam, kudu tumindak ikhtyar kang andadekake kasantosaning urip.

Menggah gesang kita punika tetelanipun manawi dados tajalining dat kang mahasuci sajati, dene kayektosan ing ngriku boten pahe kaliyan kang kawasa amedharaken kodrat iradat, liripun inggih kodrat iradat kita pribadi punika sayekti terusaning kodrat iradatipun kang kawasa asipat kayat, tegesipun asipat gesang, inggih gesang kita pribadi. Mila wujuding gesang kita punika babaripun mawi papangkatan dumununging dalem 7 kahanan, inggih punika minangka warananing dat, dados wahananing  sipat asma afngal kita sadaya, kados kapratelakaken ing ngandhap punika :

1.      kayu, tegesipun gesang, anunggil kahananing dat.
2.      Nur, tegesipun cahya dumunung sawijining gesang.
3.      Sir, tegesipun rahsa, dumunung sajawining cahya
4.      Roh, tegesipun nyawa, dipun wastani suksma, dumunung sajawining rahsa.
5.      Napsu, tegesipun angkara, dumuning sajawining suksma.
6.      Ngakal, tegesipun budi, dumunung sajawining napsu.
7.      Jasad, tegesipun badan, dumunung sajawining budi.

Dene kayu punika mila anunggil kahananing dat. Awit ingkang kapasrahan pangawasa, kinarsakaken anggesangi cahya, rahsa, suksma, napsu, budi, badan, sadaya, sarta sumarambah saking wiwitan dumugi ing wekasan, menggah wiwijanganipun kados ing ngandhap punika :

1.      Ing nalika kayu anggesangi kahanan cahya. Sumarambah ing netra, wahananipun andadosaken saged aningali inggih punika paninggaling dat angagem netra kita.

2.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing rahsa, , sumarambah ing grana, wahananipun dados saged anggada, inggih punika panggadaning dat angagem grana kita.

3.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing suksma, sumrambah ing lidhah, wahananipun dados saged angandika inggih punika panggandikaning dat angagem ing lisan kita

4.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing napsu sumrambah ing talingan, wahahanipun dados saged amiarsa, inggih punika pamiarsa dat angagem ing karna kita

5.      Ing nalika kayu anggesangi budi sumrambah ing manah , wahananipun dados saged birahi andarbeni karsa, inggih punika karsaning dat angagem ing manah kita

6.      Ing nalika kayu anggesangi kahananing jasad sumrambah ing erah, wahananipun lajeng dados saged ambegan, lajeng nuwuhaken wulu, kuku lan sasaminipun inggih punika afngaling dat angagem ing saulah kita saestu boten pahe ing nalika amratandhani afngal salebeting alam lajeng saged amolahaken surya wulan angin ing sapanunggalanipun saisen-isening alam sedaya, sami dumunung wonten purbawasesaning dat kados ingkang kasebut ing ngandap punika.:

1.      Dat kapurba kayu, tegesipun dat punika witing gesang, ambabar waskita, kasebut nama Mahasuci.

2.      Kayu amisesa nur, tegesipun gesang punika amengku wahyaning cahya, ambabar wisesa , kasebut nama Mahamulya

3.      Nur, amisesa sir, tegesipun cahya punika amengku gesanging rahsa, ambabar kawasa kasebut nama Mahawisesa

4.      Sir, amisesa roh, tegesipun rahsa punika amengku gesanging suksma, ambabar cipta, kasebut nama Mahakawasa

5.      Roh, amisesa napsu, tegesipun suksma punika amengku gesanging napsu, ambabar esti kasebut nama Mahaluhur

6.      Napsu amisesa ngakal, tehgesipun napsu punika amengku gesanging budi, ambabar karsa kasebut nama Mahaagung

7.      Ngakal, amisesa jasad, tegesipun budi punika amengku gesanging badan, ambabar nyawa kasebut nama Mahayekti

8.      Jasad, angleksanani pancadriya, tegesipun badan punika muhung nglampahi gesanging pancadriya, ambabar ulahing sarira sadaya, kasebut nama Allahtangala

Menggah wangsulipun mekaten :

1.      Jasad kawisesa dening akal, tegesipun ebahing badan punika kaprabawan saking osiking budi, mila dipun basakaken Allahtangala, dados tandane Hyang Mahayekti, awit dene badan punika pratandhaning afngaling budi.

2.      Budi, kawisesa dening napsu, tegesipun osiking budi punika kaprabawan saking hawaning napsu, mila dipun basakaken Hyang Mahayekti, dados kanyatahaning Hyang Mahaagung  awit dening budi punika anartani afngaling napsu.

3.      Napsu, kaisesa dening suksma, tegesipun hawaning nafsu punika kaprabawan saking wahananing nyawa, mila dipun basakaken Hyang Mahaagung, dados embahing Hyang Mahaluhur, awit dene napsu punika anerusi afngaling suksma.

4.      Suksma kawisesa dening rahsa, tegesipun wahananing nyawa punika kaprabawan sakingpramananing rahsa, mila dipun basakaken Hyang Mahaluhur, dados tandhaning Hyang Mahakawasa, awit dene suksma punika amimbuhi afngaling rahsa.

5.      Rahsa, kawisesa dening cahya, tegesipun pramananing rahsa punika kaprabawan saking pranawaning cahya, mila dipun basakaken Hyang Mahakawasa, dados sengkeraning Hyang Mahawisesa, awit dening rahsa punika amengkoni afngaling cahya.

6.      Cahya, kawisesa dening kayu, tegesipun pramananing cahya punika kaprabawan saking kawasaning gesang, mila dipun bahasakaken Hyang Mahamulya, awit dening cahya punika anglimputi afngaling atma.

7.      Kayu, kapurba dening dat, tegesipun kawasaning gesang punika kaprabawan saking purbawisesaning dat , mila dipun basakaken Hyang Mahamulya dadossusulihing Hyang Mahasuci, awit dene atma punika amumpuni afngaling dat sadaya.

8.      Dat punika tanpa dunungan, among anjanggreng jumeneng akadiyat, sebab purbawasesanipun sampun wonten gesangkita pribadi. Milanipun wahananing gesang punika tanpa wangenankaliyan ananing dat , inggih gesang kita punika dating gusti kang Mahasuci sajati kayekten wonteneipun babasan 3 pangkat makaten :

Ingkang rumiyin sipating gesangpunika tansah kanggenan 4 afngal, inggih punika : 1. Arip, timbanganing melek 2. Luwe, timbangane tuwuk, 3. Ngelak, timbanganing ayem, 4. Sahwat, timbanganing lerem, punika sami afngaling napsu sadaya.

Ingkang kaping kalih, sipating ngagesang punika kadunungan sekawan afngal inggih punika : 1. Sereng, timbanganing sareh, 2. Supe timbanganing emut, 3. Bingung, timbanganing lana, 4. Pangling, timbanganing waspada, punika sami afngaling suksma sadaya.

Ingkang kaping tiga sipating ngagesangpunika terkadang kasandhangan sekawan afngal inggih punika : 1. Uwas, timbanganing santosa. 2. Susah, timbanganing bingah. 3. Sakit, timbanganing saras. 4. Bilai timbanganing harja, punika sami afngaling rahsa sadaya.

Menggah liripun babasan 3 pangkat kasebut ing nginggil, punikasaestunipun inggih saking kodratiradating dat kita sadaya sampun was sumelanging nggalih.

Dene pambabaring gesang kita ingkang mawi pepangkatan dumunung ing dalem 7 kahananwau menawi kagerba papangkatipunpunika among dumunung ing ndalem 3 kahanan inggih minangka warangkaning dat, dados wahananing sipat , asma lan afngal kita sadaya, kapratelakaken kados ing ngandhap punika :

1.      Roh dipun wastani atma, dados kahananing gesang, anglimputi ing ndalem sarirakita, mengku jamaning ngakerat

2.      Malaikat, dipun wastani pramana, dados kahananing gesang angreksa indak lumungsuripuning dalem sarira kita , amengku jamaning alam supena.

3.      Setan nanging dede iblislanat inggih punika napsu dipun wastani hawa, dados kahananing gesang anyolahaken karkatipun ing dalem sarira kita, amengku jamaning alam donya.

Menggah santosaning pangesti kayektosan ingkang dados tandhanipun, punika manawi pinupus salebeting nggalih sarwi manekung anungku puja samandi pineleng manegesing karsa.

Adat ingkang sampun kalampahan bilih katarima, lajeng wonten mangunah dhateng kabekta ing utusan  medal saking sarira  kita kang Amahmulya , amawa tandha katingal saking pranamaning netra, karaos ing ndalem rahsa, ing ngriku ingkang cinipta dados, ingkang sinedya wonten, ingkang kinarsa dhateng, inggih saking parmaning kang mahakwasa.

Ing samangke mratelakaken urut-urutanipun wahananing dat ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau sadaya, inggih punika :

I.            Kayu, tegesipun gesang, dipun wastani kayun, tegesiupun panggesangan, dipun wastani malih kayat, tegesipun anggesangi, dipun wastani malih kayu dhaim, tegesipun gesang kang tetep. Ananging sajatosipun inggih naming satunggal kayu punika . Makaten ugi sasaminipun ingkang nama dhaim, sipat dhaim, iman dhaim, saat dhaim, punika wau sadaya sami dumunung ing ndalem kayu dhai m sadaya, tegesipun tetep wonten kahananing gesang kita pribadi.

II.            Nur, tegesipun cahya, punika sajatosipun inggih naming satunggal, ananging dipun nameni 5 pensebutan, inggih punika : 1. Nuriyat, tegesipun cahya samar, warninipun cemeng. 2. Nurani, tegesipun cahya nelahi, inggih punika chaya keeping kalih, warninipun jenar. 4. Nurbuat, tegesipun cahya kang sentosa, warninipun ijem . 5. Nurmohammad, tegesipun cahya kang pinuji, warninipun pethak. Menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama Norollah, tegesipun cahyaning Allah.

III.            Sir, tegesipun rahsa, punika sajatosipun inggih naming satunggal, ananging dipun wastani dados 6 pasebutan, inggih punika : 1. Sir Iptadi, tegesipun rahsapurba. Inggih punika dados wahyaning hasmaranala. 2. Sirkabari, tegesipun rahsa wisesa, dados wahyaning asmaratura. 3. Sirkamali, tegesipun rahsa sampurna. Dados wahyaning asmaraturidha. 4. Sirngaji, tegesipun rahsa mulya, dados wahyaning asmaraturidha. 5. Sirkakiki tegesipun rahsa sejati, dados wahyaning hasmaratantra . 6. Sirwahdi, tegesipun rahsa tunggal , dipun nameni sirgibi, tegesipun rahsa gaib, dados wahyaning hasmaratantra gama, menggah garbanipun sadaya punika kasebut nama sirurllah.

IV.            Roh tegesipun nyawa utawi suksma punika sejatosipun inggih nanmung setunggal , nanging lajeng dipun wastani dados 7 pasebutaninggih punika :. 1. Roh jasmani tegesipun nyawaning jasad, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken anggotaning badan, dipun ngibarataken roh hewani, tegesipun kaupamekaken nyawa ingkang anggesangi satokewan. 2. Roh nabadi, tegesipun nyawaning tumuwuh, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anuwuhaken wulu kuku sapa nunggilanipun, tumanen dados gesanging budi. 3. Roh napsani, tegesipun nyawaning napsu, inggih punika wawayanganing nyawa ingkang anggesangaken hawaning napsu, 4. Roh rokani, tegesipun nyawaning suksma , inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken warnaning suksma. 5. Roh rohmani, tegesipun nyawaning sipat murah dipun wastani roh rabani tegesipun nyawaning pangeran inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken kahananing rahsa. 6. Roh nurani, tegesipun nyawane cahya, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang ngagesangaken wahananing cahya. 7. Roh ilapi tegesipun sasandhanging nyawa kang awening , dipun wastani roh kudus, tegesipun nyawa kang asuci, inggih punika wewayanganing nyawa ingkang anggesangaken ananing atma, menggah gerbanipun sadaya punika kasebut nama rohullah tegesipun nyawaning allah

Wiwijanganing roh kasebut nginggil, rujukipun kaliyan dawuh dalem Kanjeng sinuwun Sultan Agung dateng Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mekaten pangandika dalem.

Sejatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa, utawi jiwa kasebut aran suksma prabedane pada mawa tandha sowing-sowang, yaiku : 1. Tandhaning roh iku anganakake getih , 2. Tandhaning nyawa anganakake keketeg, 3. Tandaning jiwa anganakake napas, 4. Tandhaning suksma anganakake rahsaning jasad.

Ananing suksma iku ana papangkate 7 warna, kaya kasebut ing ngisor iki.

i.      Patemone jasad lan napas, iku den arani suksma wahya, tegese suksma lahir.

ii.      Patemone napas lan budi , iku den arani sukma jatmika, tegese sukma batin,

iii.      Patemone budi lan napsu, iku den arani suksma lana, tegese suksma tetep.

iv.       Patemone suksma lan nyawa iku den arani suksma mulya, tegese suksma mulus,

v.       Patemone nyawa lan rahsa, iku den arani suksma jati, tegese suksma nyata, den arani maneh suksma rahsa, tegese suksmane rahsa.

vi.       Patemone rahsa lan cahya iku den arani suksma wasesa, tegese suksma wenang.

vii.       Patemone cahya lan urip, iku den arani suksma kawekas tegese suksma pungkasan

Dene patemone suksma kabeh iku den arani suksma hadiluwih, tegese suksma utama , binasakake retna embanan salaka, yen kumpul dadi retna inten jumanten , binasakake retna embanan kancana, iku ibarate martabat wakasiyat, sampurna dadi sasraludira, binasakake retna embanan sosotya, iku ngibarate martabat wahdat sampurna dadi sotyaludira, binasakake retna embanan padha retna, iku ibarate martabat akadiyat, waluya dadi manikmaya windradi, binasakake retna embanan cahya gumilang tanpa wewayangantegese bali dadi dating nukatgaib, mulih marang ajali – abadi, telas pangandika dalem ingkang sinuwun kangjeng Sultan Agung. Kyai Pangulu Ahmad Kategan nembah matur : sampun kasinggihan dawuh dalem punika , wonten bebasanipun menawi teranging ngelmi kasampurnan punika gumantung ing kawicaksanan.

Ing samangke wangsul amratelakaken urut-urutan namaning wahananing dat.

V.            Napsu tegesipun angkara, sejatosipun inggih naming satunggal nanging dipun wastani dados 4 pasebutan inggih punika : 1. Napsu luhama, tegesipun angangsa, darbe hawea amurugaken dhahga, arip, luwe sapanunggilanipun,  wahyaning saking lesan kasebut dados ngibarat kahananing manah, ingkang asorot cemeng, sampurnaning anarik leburing wulu kuku, 2. Napsu amarah tegesipun sereng, darbe hawa murugaken angkara, panasten, duduka sapanunggilanipun, wahananing ing ampere, wahyaning saking karna, kasebut dados ngibarating manah ingkang kasorot abrit sampurnaning anarik leburing kulit erah. 3. Napsu supiyah, tegesipun meles dipun wastani napsu supiyah , tegesipun adreng darbe hawa murugaken murka, pepenginan pakareman kabiraen sapanunggilanipun , wahananing ing lilimpa, wahyanipun saking netra kasebut dados ngibarat wawahananing manah ingkang sorot jene sampurnaning anarik daging otot. 4. Napsu mutmainah, tegesipun jinem darbe hawa murugaken loba , inggih punika loba dhateng kautaman kadosta, anglampahi pujabrata, ingkang kalantur-lantur boten mawi watawis, wahananipun ing babalung wahyanipun saking grana, kasebut dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot pethak, sampurnaning anarik leburingbalung sungsum.

Dene manawi kapatitisaken witing napsu punika saking utek, wedalipun andarbeni pangawasa, menawi dumunung ing manic dados cipta, andarbeni pangraos. Menawi dumunung ing lesandados raos, andarbeni pamiraos, lajeng amedalaken swara, menawi dumunung ing manah dados birahi, andarbeni karsa. Menawi dumunung ing jantung dados angen-angen, andarbeni panggraito wedalipun saking jantung lajeng dados nupus, katampen ing wadhuk lajeng dados ampas, katampen ing ampere lajeng anunggil lampahing rah dados tanapas, angambah dateng maras lajeng dumunung ing limpa dados napas, sumrambah ing jasad lajeng dados keketeg, amratandani karkating solahbawa, menggah sangkaning saliringafngal wau medal saking hawaning napsu sedaya

VI.            Ngakal tegesipun budi, punika sejatosipun inggih naming satunggal nanging dipun nameni dados 5 pasebutan. Inggih punika : 1. Budi maknawi inggih manah maknawi tegesipun wahyaning budi 2. Budi sanubari , inggih manah sanubari tegesipun wahananing budi. 3 budi suweda, inggih manah suweda tegesipun woding manah, dados ngibarat kahananing budi, budi puat inggih manah puat, tegesipun woding jajantung, dipun nameni budi jati, tegesipun manah suci, dados ngibarat pramananing budi. 5. Budi siri, inggih manah siri, tegesipun rahsaning manah, dipun wastani budi napi, utawi manah napi, tegesipun manah wening, dados ngibarat pangsraosing budi.

Dene yen kapatitisaken pakartining budi punika kapilah dados 2 perangan, inggih punika :

1.      Dipun wastani Pancamaya, tegesipun osik gangsal, inggih punika pangawasaning budi ingkang taksih sinuksma ing ndalem rahsa , wijangipun wonten 3 papangkatan sarta sami anggangsal pakarti inggih punika :

1.      Dipun wastani locita, tegesipun karenteging batos kasebut nama langgamaya, tegesipun jumenenging osik kadosta ambeg, watek, graita, esti, cipta. 2. Dipun wastani Artika tegesipun pangraosing batos, kasebut nama ciptamaya, tegesipun wahananing osik, kadosta angkara, birahi, sedya, karsa, garjita.3. dipun wastani Hunandika, tegeseipun wedahing osikkadosta pangraos, panginten, panyana, panyakra, panjangka.

2.      Dipun wastani pancadriya , tegesipun manah gangsal, inggih punika pangawasaning budi ingkang sampun kawedar ing dalem rahsa, wijangipun ugi 3 pangkatan lan sami anggangsal pakarti inggih punika : 1. Dipun wastani Karmendriya, tegesipun purbaning budi, kadosta paningal, pamiarsa, panggada, pamiraos, pangraos. 2 Dipun wastani Antarengdriya tegesipun antawising budi , kadosta keketeg, napas, kedheping netra, rosining lidhah, kenyaming lati. 3. Dipun wastani Jayaningdriya tegesipun wisesaning budi , kadosta raosing kulit, parji, jubur, asta, suku.

VII.            Jasat tegesipun badan, punika punika sejatosipun inggih namung satunggal, ananging dipun wastani dados 2 pasebutaninggih punika : 1. Jasat turas, tegesipun badan kadadosaken saking lebu, winastan jisim dipun basakaken badan jasmani, inggih punika badan wadhag, jasat latip, tegesipun badan alus, winastan jisim dipun basakaken badan rohani inggih punika badan suksma.

Menggah badan wadag kaliyan badan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahananing jati, upami satu munggeng rimbagan, ananging wawangsulan, ing tembe badan wadag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus kalimputan dening kayu dhaim, tegesipun gesang ingkang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi mila dipun pralambangi warangka manjing curiga, tegesipun badan wadag dumunung ing salebeting badan alus. Kala badan wadag taksih dados embanan, pralambangipun curiga manjing warangka, tegesipun badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadag. Mila lajeng wonten andhah-andhahing bebasan mekaten : jasat embaning budi, budi embaning napsu, napsu embaning karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rahsa, rahsa embaning cipta, cipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.

Ingkang dipun basakaken jasat, punika badan wadag, dene budi, napsu, lan sapanunggilanipun punika badan alus. Ing sarehne sampun cetha bilih badan wadag lan badan alus   punika sanyata boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil ing kahanan jati, mila sampun kendhat ing salebeting batos kedah anyipta’a mekaten. Jagad bumi ngalam kabeh sumurupa maring badan, badan sumurupa maring budi, budi sumurupa maring napsu, napsu sumurupa maring nyawa, nyawa sumurupa maring rahsa, rahsa sumurupa maring cahya, cahya sumurupa maring atma, atma sumurupa maring dat, dat sumurupa maring ingsun, ingsun jumeneng pribadi tanpa timbangan tanpa lawanan ana ing kalaretingsun kang Mahamulya Mahasuci sejati saka ing kodratingsun. Bilih badhe manungku puja samadi saderengipun wiwit anekung prayogi anyipta kados makaten punika.

5. PURBA JATI

Amratelakaken wahananing dat murih anggampilakeun panyuraosipun,mila perlu dipun dihaerahaken menggah papangkakataning saking wontenipun dat wau,makaten :

Dat mutlak kadhim ajali abadi,tegesipun jenggerengipun kang asipat hesa rumuhun piyambak,kala taksih awing-uwung ing kahanan kita,kasebut wisesa terangipun makaten : Dat punika tanpa tuduhan,amung dumunung anarambahi wonten salebeting gesang kita pribadi.Ananging khatah ingkang sami katambetan (boten sumerep),Awit sakalangkung samar,binasakaken boten jaman makam,tegesipun tanpa arah tanpa enggen,tanpa kanta rupa warna,sepen saking ganda rasa swara,asipat elok,dede jaler,dede istri,dede wandu,dipun pralambangi kombang anganjap ing tawang,mila ing dalem martabat kasebut : Latekyun,sebab saking dereng sanyata ing kahananipun,menggah terangipun : Gesang inggih sipating Hyang Maha Suci,punika sumunuk angliputi saindenging jagat saisen-isenipun.Pipindhanipun kados dene wontening hawa anggenipun sumusuk angliputi jagad raya saisen-isenipun sadaya,dados boten wonten papan ingkang boten kadunungan hawa,ing salebeting sela,salebeting brama,salebeting toya lan sanes-sanesipun sami sinusupan hawa,ateges ing saindenging jagad raya kebek hawa tanpa sela,ing jawi,ing lebet,inggih angliputi lan linimputan.inggih makaten punika pipindhan wontening dat inggih Pangeran ingkang maha suci inggih gesang kita pribadi.

1.       Kayun,tegesipun kang urip(Agesang),inggih punika atma,kasebut wasesa,minangka tajalining dt,awit kasorotan purbaning dat sajati,dipun pralambangi kusuma anjrahing tawang,tegesipun sekar dhawah ing tawang (tumuwuh ing awing-awang),mila ing ndalem martabat kasebut takyun awal,dene wiwit sanyata ing kahananipun (kanyatahan pisan).

2.       Nur (Cahya),kasbut pranawa,minangka tajalining kayu,inggih punika dados sasandhaning gesang,awit kasorotan saking wisesaning atma sajati,dipun pralambangi tunjung tanpa talaga.Tegesipun sekar terate gesang tanpa mawi toya.Mila ing dalem martabat kasebut takyunsani,dene sampun sanyata ing kahananipun,sebab takyunsani punika ateges kanyatahan ingkang kaping kalih.

3.       Sir,tegesipun rasa kasebut pramana,minangka tajalining Nur(cahya),awit kasorotan wisesaning pranawa sajati,dipun pralambangi isining wuluh wungwag,tegesipun boten kawistara.Mila ing ndalem martabat kasebut akyansabitah,dene sanyata tetep titis ing kahananipun,(titis = tumutis = tetes = tumetes = dhawah,inggih dhawahing raos).

4.       Roh,tegesipun nyawa,kasebut sukma,minangka tajalining rasa,awit kasorotan wisesaning pramana sajati,dipun pralambangi tapaking kuntul ngalayang,tegesipun boten mawi tabet,tapaking kuntul anglayang punika.Mila ing dalem martabat kasebut akyankarijiyah,dene sanyata medal ing kahananipun.

5.       Napsu,tegesipun angkara,minangka tajalining roh,awit kasorotan sukma sajati,dipun pralambangi latu murub ing telenging samodra,tegesipun kaelokan urubing latu wonten salebeting toya punika.Mila ing dalem martabat kasebut akyanmukawiyah,dene sanyata gesanging kahananipun.

6.       Ngakal,tegesipun budi,ugi kasebut ing griya,minangka tajalining napsu,awit kasorotan wisesaning angkara sajati,dipun pralambangi kudha ngerap ing pandhengan,tegesipun kudha nyander yang kakarungan punika nama kaelokan awit kapal taksih kinarung wonten salebeting jajaran dados upacara teka saged angerat,punika mokal.dados suraosipun dadi kaliyan pralambang lumpuh angijeri jagad.mila ing dalem martabat kasebut akyanmaknawiyah dene sanyata kawedhar ing kahananipun.


7.       Jasat (Badan),tegesipun warana,minangka tajalining budi,awit kasorotan wisasaning sipat,punapa dene dados embaning mudah,makaten ugi sadaya sorot sami sumarambah maradini saliring anggotaning badan jasmani sadaya,ateges sampun asipat (Mahujud).Mila manawi taksih jamaning sipat,dipun pralambangi kodhok kinemulan ing leng,tegesipun kodhok punika ngibarating mudah ingkang wonten salebeting jasat,dene leng punika ngibarating jasat ingkang wonten sajawining mudah,inggih punika kahananing dating gusti taksih kalingan dening sipating kawula.Pahe manawi jamaning dat ing ndelahan,dipun pralambangi kodhok angemuli ing leng,tegesipun jasat gentos dumunung wonten ing lebet,inggih punika kahananing sipating kawula sampun kalimputan dening dating gusti,dados sami tarik tinarik,tetep tinetepan,kados kasebut ing kadis ingkang ungelipun makaten :

Teteping dat punika anarik dhateng kayu.

Teteping kayu punika anarik dhateng nur.

Teteping nur punika anarik dhateng sir.

Teteping sir punika anarik dhateng roh.

Teteping roh punika anarik dhateng napsu.

Teteping napsu punika anarik dhateng ngakal.

Teteping ngakal punika anarik dhateng jasat.

Sawangsulipun  :

Teteping jasat punika tinarik dening ngakal.

Teteping ngakal punika tinarik dening napsu.

Teteping napsu punika tinarik dening roh.

Teteping roh punika tinarik dening sir.

Teteping sir punika tinarik dening nur.

Teteping nur punika tinarik dening kayu.

Teteping kayu punika tinarik dening dat.

Ing samangke amratelakaken menggah dating gusti punika kaotipun kaliyan kawula dening andarbeni pangawasa,wenang ambabar prabawa sarta anarik dhateng wedharing gelar kukudan,kados upaminipun manawi karkating jasat katarik ing pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning napsu,hawaning napsu kasirep dening wisasening sukma,rerem salebeting betalmakmur.lajeng amuntu ing wiwaraning pramana,anglerem saniskaraning pancadriya,mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma,anggelar pangraosing cipta, wahananipun lajeng tilem,kahananing jasat kita ing ngriku saking pangraos katingalan alaming supena.kaleksanan saliring solah bawa.

Manawi pangawasaning suksma sampun ambabar pancadriya,sarta ambuka wiwaraning pramana,lajeng anggrenjetaken hawaning napsu,anuwuhaken pangraosing cipta katampen ing budi ngantos sumarambah ing ndalem jasat sadaya,ing mriku wahananipun dados tangi kahananing jasat kita,lajeng uninga malih dhateng saniskara ingkang katingal ing ngalam donya,mila dipun pralambangi anenun senteg pisan anigasi,tegesipun saweg sakedhap paningaling ngalam supena,lajeng saged wangsul uninga ingkang katingalan ing ngalam dunya malih.

Kados mekaten ugi manawi karkating jasat katarik ing pangraosing budi,pangraosing budi kairup ing hawaning napsu,hawaning napsu kasirep gdening wisasening suksma,wisasening suksma kakukud dhateng pangawasaning rahsa,lajeng luluh manjing dhteng pranawaning cahya,anunggil kaliyan purbaning atma,mantuk dados dat mutlak kang khadim ajaliabadi,ing ngriku wahananipun dipun wastani pejah kahananing jasat kita,ananging saestunipun boten pejah,amung ngalih panggenan kemawon,malah waluya gesangipun langgeng wonten ing kahanan kita kang amahamulya,mahasuci sejati,mila dipun pralambangi tanggal pisan kapurnaman,tegesipun dereng lami tumitah wonten ing ngalam dunya,lajeng wangsul malih dados manungsa sejati ingkang sampurna sarta waskita ing saniskara,boten mawi kasamaran dhateng kang gaib-gaib sadaya.

Inggih makaten punika riwayating dhalil kadis ijemak kiyas,ingkang katata urutipun satunggal – satunggal,supados muktamata kaliyan suraosing ngelmi makripat,sebab wonten pangerang-eranging  ngelmi makripat mekaten :

1.       Sinten ingkang taksih jibar-jibur ambruwah lumuh dhateng kasutapan,saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasaning tembe,jisimipun bosok dados siti,alusipun angalambrang kados kinjeng tanpa soca.Hewadene yen kinntenan lampah taberi asuci lahir batos,inggih terkadhang boten mekaten kadadosanipun ndhelahan.

2.       Sinten ingkang anggentur siyam tanpa antawis,saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasaning tembe,jisimpun wetah dados sela anyangaraken siti,alusipun dados dhanyang kang smarabumi.Hewadene yen kinantenan lampah trima,tegesipun ingkang dhinahar narima ing sawontenipun kemawon,inggih terkadhang boten makaten kadadosanipun ing ndhelahan.

3.       Sinten ingkang banter wungu tanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining dinten wekasan ing tembe,jisimipun wungu kapanjingan brekasan ingkang amedosi,alusipun nitis dhateng bangsanipun satokewan.Hewadene menawi kinantenan lampah rila,tegesipun wungu ing sapakantukipun angiras dana mumule ing sakadharipun,inggih terkadhang boten makaten kadadosanipun ing dhelahan.

4.       Sinten ingkang anglantur cegah sahwattanpa watawis,saking adat luwangipun dumugining wekasan ing tembe,jisimipun amrajang dados lelembut,alusipun asring anjalma utawi ngemladean.Hewadene menawikinantenan lampah temen,tegesipun boten nate anyidra resmi bandrek jijinahan,inggih terkadhang boten makaten kadadosanpun ing dhelahan.

5.       Sinten ingkang sabar, saged amekak napsuhwa, purun anglampahi pejah salebeting gesang, tegesipun samubarang tansah ka’angkah – angkah, ulat sumeh, wuwus sareh, solah angrapepeh, sarta mawi dudugi lan prayogi, miwah anggage watawis, saking ngadat luwangipun dumugining dinten wekasan ing tembe, jisimipun sampurna gesang anunggil kaliyan alusipun dados Maha suci sejati, sebab saking istingaharipun saget gesang salebeting pejah, menawi kinantenan lampah utami, kados saya lestantun pamoring kawula gusti ing dhelahan.

Awit saking punika, mila lajeng wonten pangerang – erang makaten : sapa kang tansah kasalimur dening rajah tamah satwa hawa, amesthi tuna pangestine ing dhelahan, sebab patang perkara mau binasakake dadi pamurunging laku, lire :

1.       Rajah, Tegese kabungahan, dumunung ing sandhang panganggo.
2.       Tamah, tegese kamukten, dumuning ono ing pangan turu.
3.       Satwa, tegese karesmen, dumunung ono ing sosomahan.
4.       Hawa, tegese kamurkan, dumuning ono ing nafsu.

Dene Manawa ora kalimputan dening patang prakara mau, pagenea teka kadhung ora bias tutug saparaning cipta.

Pramila ugi sami anebihana ing iman kakalih, inggih punika iman mardhut lan iman tagayur. Nanging sami marsudia supados saged kasandhangan iman bahsan, tegesipun kasantosaning manah ingkang sae,sarta dadosa iman sabitah,tegesipun iman ingkang tetep.dumunung ing gesang kita,kados ing ngandhap punika :

1.       Iman idayat,dumunung ing gesang kita dados pitedahing awas.
2.       Iman mupasal,dumunung ing gesang kita dados palilahing pasilahaning emut.
3.       Iman sadrah,dumunung ing gesang kita dados pambukaning budi.
4.       Iman khalir,dumunung ing gesang kita dados pangestining birahi.
5.       Iman maksum,dumunung ing gesang kita dados pangreksaning napsu.
6.       Iman mahtup,dumunung ing gesang kita dados panuntuning eneng.
7.       Iman makbul,dumunung ing gesang kita dados panarimaning ening.
8.       Iman mujemal,dumunung ing gesang kita dados kaelokaning wirangi.
9.       Iman gaib,dumunung ing gesang kita dados panuksmaning suksma.
10.   Iman tayibah,dumunung ing gesang kita dados pasucianing rasha.
11.   Iman kamilmukamil,dumunung ing gesang kita dados kasemprnaning pranawa.
12.   Iman dhaim,dumunung ing gesang kita dados panetepaning asma.

Bilih kasembadan lampah kados kasebut ing nginggil wau temtu ginangtungan kanugrahan ingkang tanpa timbang wonten ing donya dumugi ing ngakerat pisan.

6. SALOKA JATI

Anggelaraken kawontenaning pralambang tegesipun pangumpamening babasan ingkang sami minangka pasemon saking arah dununging kawula gusti,miwah dayaning pakerti,ingkang sami nyantosakaken wewahing pangandel dhateng pangeran kita pribadi,kados ing ngandhap punika :

1.     Gigiring punglu,tegesipun gegering mimis,punika ngibarat kaelokaning dat,inggih pangumpamening gesang kita,deneyekti tanpa arah tanpa enggen,sayekti muhung dumunung ing gesang kita pribadi.

2.     Tambining pucang,tegesipun punika ngibarat kaelokanipun sipating dat,dene kahananing pangeran punika binasakaken dede jaler,estri lan dede wandu,lan dede punapa – punapa,kados punapa saestuning sipatpun,sayekti amung dumunung wonten sipating gesang kita.

3.     Wekasaaning langit,tegesipun punika ngibrat wawangenipun soroting cahya.Inggih soroting cahya kita,dene tanpa wangenan,sumarambah dumugi kahananing sipat kita.

4.     Wekasaning samudra tanpa tepi,tegesipun punika ngibarat wawangenanipun pengawasaning rahsa,sumarambah dumugi sanyataning warna kita.

5.     Galihing kangkung,tegesipun punika ngibarat wahananing suksma,ngarambahi ing badan kita.

6.     Latu sakonang,angasataken samodra,tegesipun punika ngibarat wedal ing hawa napsu.ingkang sasana salebeting pancadriya.

7.     Peksi miber angungkuli langit,tegesipun punika ngibarat rosaning budi tuwuh salebeting afngal kita.

8.     Baita amot samodra,tegesipun baita punika ngibarating badan ,dene samodra pangupamaning manah.

9.     Angin katarik ing baita,tegesipun punika ngibarat pakendelaning napas,dening wedalipun saking badan.

10. Susuhing angin,tegesipun punika ngibarat pekendelaning napas,inggih punika wonten ing jantung.

11. Bumi kapethak ing salebeting siti,tegesipun punika ngibaratipun wontening badan kita,ing nguni asal saking siti,ing tembe yekti pakubur ing siti,inggih punika wahananipun dados daging.

12. Mendhet latu adadamar,sami kaliyan latu ing salebeting latu,utawi latu binesmi ing latu,tegesipun punika ibaratipun badan kita asal saking latu tansah angedalaken latu,inggih punika upami wedaling kanepson.

13. Barat katiyup ing angin,sami kaliyan angin anginte prahara,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal saking angin,tansah angedalaken angin,inggih punika napas.

14. Tirta kinum ing toya,sami kaliyan angangsu rembatan toya,utawi toya salebeting toya,tegesipun punika ngibaratipun badan kita asal saking toya,tansah kailenan utawi angilekaken toya,inggih punika rah.

15. Srengenge pinepe,sami kaliyan kaca angemu srengenge,tegesipun punika ngibaratipun wontening cahya kasorotan ing surya,wonten salebeting cahya,inggih punika kahananipun dados pramananing netra,saking urubing cahya tansah kasorotan ing cahya.Terangipun,inggih punika netra,dene saking urubing cahya tansah kasorotan ing surya.

16. Wiji wonten salebeting wit,lan wit wonten salebeting wiji,tegesipun punika ingkang dipun basakaken pangleburing papan tulis,inggih amastani dene sajatosipun pangleburan papan tulis,inggih amastani dene sajatosipun gusti punika wonten ing kawula lan kawula wonten ing gusti.

17. Kakang barep aine muragi,tegesipun punika ngibaratipun martabat insan kamil,ing nalika tanajul dhawah wonten ing wekasan piyambak,sereng tarkinipun ing tembe dados wiwitan.dene insane kamil punika inggih wahananing gesang kita pribadi.terangipun : Gesang kita samangke dhawah wekasan,ing tembe dhawah wiwitan.

18. Busana kancana retma boten boseni,sami kaliyan busana wastra tanpa seret,tegesipun punika ngibarating jasa ing lebet,busana wastra wahananing kulit.terangipun : Amastani dhateng badan kita ingkang wadag,miwah ingkang alus,punika tetep langgeng wontenipun.

19. Tugu manic ing samudra, tegesipun punika ngibarat panthenging cipta ingkang terus dumugi pelenging paningal.

20. Sawanganing samudra retna, tegesipun punika mibarating babularbat tegesipun palawanganing pangeran, kakekatipun amastani palawangan ing dat, inggih punika babahan sanga winastan kori selamatangkeb tegesipun melar, mingkuping waras, utawi menga mingkeming lati.

21. Samudra winontan kilat, tegesipun punika mibaratipun wot sirotolmustaqim, suraosipun amastanning pesating yatma;dumugi ing ngabyantara ning pangeran kita. Wonten ingkang kamastani bilih wot sirotolmustaqim punika wedaling pamicara.

22. Bale tawang gantungan,tegesipun punika ngibaratipun ngaras kursi,tegesipun ngaras,karaupan,punika kakekatipun pasewakaning dat,dumunung ing sirah lan ing jaja,tegesipun kursi,palenggahan,inggih punika kakekatipu palenggahing dat,dunungipun ing utek lan ing jantung.

23. Wiji ing sela,tegesipun punika ngibarating lohkilmahpul,loh-kalam tegesipun roh = papan,tegesipun kilmahpul=pareksa,ateges papan : kang rineksa,inggih punika kakekatipun sipating dat,dumunung wonten ing jasat,sarta rineksa malaikat kirman.dene tegesipun kalam=panyeratan,punika kakekatipun wayanganing dat,dumunung wonten ing budi tumuwuhing angen-angen,rineksa malaikat katiban suraosing tipikajengan : amastani telenging gesang,punika dumunung ing badan kita.

24. Tengahing arah,tegesipun punika ngibaratipun mijan,tegesipun mijan=teraju,inggih punika kakekating panimbangan dat,dumunung wonten ing : paningal,pamiarsa,pangganda,pamiraos lan pangraos.suraosipun amastani dhateng panimbanging gesang kita inggih punika dumunung wonten ing pancadriya.

25. Katingal pisah,tegesipun punika ngibaratipun wahananing dat kaliyan kahananing sipat,punika saengga kados wijang piyambak.ananging sajatosipun dat punika boten saged pisah kaliyan sipatipun.sebab wonten wiji tumuwuh tanpa cangkok,nanging cangkok boten tuwuh yen tanpa wiji.terangipun amastani dhateng jejering kawula gusti,dene kados wijang piyambak-piyambak,nanging sajatosipun inggih nunggil kemawon.

26. Katingal boten pisah,tegesipun punika ngibarating solah kaliyan bawa,tegesipun solah,ebahing badan,tegesipun bawa,osiking batos.wontenipun solah lan kreteg punika katingal boten pisah,punika kaparengan dening karsa.

27. Katingal tunggal,tegesipun punika ngibarating dating pramana kaliyan sipating netra boten sanes,tegesipun amastani bilih pangawasaning netra kaprabawan dening pramana.

28. Medal katingal,tegesipun punika ngibarating wedaling dat,ateges pangawasaning pangeran,punika katandha saking kedaling lesan adarbe swara.

29. Katingal amedalaken,tegesipun punika ngibarat wedaling napas,dene kanyataan kados wonten ingkang angedalaken.

30. Manawi pejah boten kenging risak,tegesipun punika ngibarating suksma kaliyan raga,yen raga risak,suksmanipun langgeng kemawon.kasebut alip mutakalimun wakib,tegesipun sipat kang ngandika sakecap tanpa karna lesan,inggih punika kang ngarupa sajati dumunung ing suksma,inggih roh kita pribadi.

31. Manawi karisak boten saged pejah,tegesipun punika ngibarating napsu kaliyan rahsa,upami napsunipun kapekak,rahsanipun boten saged sirna margi rahsaning cipta taksih karaos dumunung ing rahsa kita pribadi.

32. Sukalila tega ing pejah,tegesipun punika ngibarat tiyang badhe pejah,anglampahi tigang prakawis : Sapisan,suka dene rumaos badhe angsal kabingahan ing jaman kasampurnan.

Kaping kalih,lila dene sampun rumaos lila dhateng barang tilaranipun.kaping tiga,dene sampun tega tilarsih katresnan lan sadaya pakaremanipun,punapa dene kawelasanipun,inggih punika anak bojo ingkang sami katilar kantun sadaya.

Wondhene sakathahing babasan ingkang kangge cacangkriman,menggah pradikanipun amung kawawas kados ing ngandhap punika.

Sadaya ingkang binasakaken : Ageng,wiyar,inggil,panjang,langkung,inggih punika ingkang kangge pangumpamen dhateng ananing dat,inggih kahananing pangeran kita.Dene sadaya ingkang binasaken : Alit,ciut,celak,andhap,kirang lan sapanunggilanipun,inggih punika kangge pangupamen wahananing sipat,inggih wujuding kawula.

Wondene ingkang kasebut ing babasan makaten : bothok,bantheng,winungkus ing ghodong asem kabitingan alu bengkong.Menggah pradikanipun bothok bantheng,sanepa ananing dat,inggih gesang kita pribadi,ghodong asem,sanepa wahananing sipat,inggih embaning gesang kita,kanyatahan saking warna kita,dene alu bengkong,sanepa kahananing afngal sadaya,inggih pakertining gesang kita.menggah dunungipun makaten : adeging gesang kita punika asisinglon warna kita,katandha saking solah bawa.

Liya ingkang kasebut ing nginggil,wonten wardinipun malih makaten bhotok bantheng,punika mani,ghodong asem,punika pawestren,alu bengkong,punika purusa ananing wardi ingkang makaten wau mboten prayogi menawi kangge raraosan ing ngakathah kenging dipun wiraosaken,prayogi namung kaliyan ingkang sampun tunggil kawruh,utawi dhateng ingkang sampun katuwuhan ing dudugi.Manawi kawiraosaken dhateng ingkang taksih kirang ing dudugi,mindhak karumiyinan ing pangangkuh,margi dereng dumunung knyektosaning tumuwuh kaselak amiyagah.

7. SASMITA JATI

Punika minangka pangemut-enut patraping pitegahan sadaya,bubukanipun amratelakaken riwayating kadis,manawi sampun pare king mangsa tegesipun utusaning pangeran ingkang maha suci,andhawuhaken janji dhatengngalam donya,inggih punika malaekat jabarail kinen mundhut sadasa pangkat kados kasebut ing ngandhap punika :

1.       Mundhut berkting bimi,tegesipun sudaning warna.
2.       Mundhut adiling ratu,tegesipun gingsiring pancadriya.
3.       Mundhut lomaning sugih arta,tegesipun sudaning kikiyatan.
4.       Mundhut wirangining pandhita,tegesipun ewahing budi.
5.       Mundhut tapaning ngawerdha,tegesipun tansah muring-muring.
6.       Mundhut sabaring sudra,tegesipun sugih kanepson.
7.       Mundhut sahing kadang warga,tegesipun petinging angen-angen.
 8.       Mundhut wiranging pawestri,tegesipun sudaning kajatmikan.
9.       Mundhut imaning mukmin,tegesipun ngingganging nyawa.
10.   Mundhut sastraning kur’an,tegesipun ingseding rahsa

Manawi sampun rumaos sasmita kados kasebut ing nginggil punika,kita asring darbe welas dhateng badan kita pribadi,lajeng rumaos angangkat wijang raga kaliyan nyawa,ing ngriku tanda sampun pare king pejah.Kawistara sakathahing panengeran angajengaken dinten kiyamat,tegesipun kiyamat,jumeneng inggih punika kiyamating badan kita,badhe jumeneng kaliyan pribadinipun(Pejah).Kawistara saking panengeran,kados kasebut ing kitab bayan maot makaten wawarahipun :

1.       KIRANG 3 TAHUN

Kawistara rumaos sayah gesangipun,serta rumaos bosen anguningani sagunging kamulyan,ingkang gumelar ing dunya punapa dene asring nandang sakit mumet,asring supena kesahan purugipun mangaler,serta ical legeanipun salebeting sare.Ing ngriku enggening prayitna,tegesipun kita kedah enget,yen gesang punika boten wande dumugi pejah.

2.       KIRANG 2 TAUN

Kawistara kita asring rumaos darbe kangen dateng kaluearga ingkang sampun sami tilar dunya serta asring ngunek-unek raosing panggalih,elik dhateng sakathahing pakareman,punapa dene asring supena dandos-dandos dalem padaleman.Ing ngriku enggening nastapa.tegesipun cecegah.

3.       KIRANG 1 TAUN

Kawistara asring uninga wujud ikang boten katingal,asring geter senthiling jangga,utawi lajeng nandhang

Sakit,ingkang dadosaken sudaning kikkiyatan,netra pucet,balungan ngeres linu,sudaning pamuring-muring,raosing lidah suda,ing ngriku enggening ambater tapa

4.       KIRANG 9 WULAN

Kawistara asring sumerep netra kita pribadi,asring karaos marlupa,lampahing rah asring kendel,kanepson suda ing ngriku tansah anyiptaa pejah salebeting gesang wonten ing marcapada

5.       KIRANG 6 WULAN

Kawistara asring miring barang ingkang pancen boten kapiyarsa,asring gumrebeg salebeting karna,andadosaken sudaning pamireng,terkadang boten darbe karkat,tanpa pepenginan,asring tanpa kawelasan.ing ngriku nggoning wektu kedah tansah anglampahi pandamel sae,kareksa’a sumehing netya,manising wicara alusing solah bawah.Angecani manah sesamining gesang.

6.       KIRANG 3 WULAN

Kawistara asring mambet gandhaning lelembut kados menyan kobar tuntung amis,utawi mambet gandhaning sesakit,Asring karaos asrep salebeting grana,suda bantering napas,sarwa kasesa sabarang karsa,ing mriku pangenaning karem anyepen,tegesipun kedah asring angedalna ing saniskara,sarta ananamur lampah,punapa dene remen dadana dhateng para sekeng

7.       KIRANG 2WULAN

Kawistara asring cidera paningalipun,kadosta :  Srengenge asring katingal cemeng,langit katingal abrit,latu katingal cemeng,wawayanganipun piyambek katingal kalih,netra katingal tanpa wawayangan.Ing ngriku pangenanging wewarah serta piweling dhateng putra wawayah sasaminipun,amrih anglampahana pandamel sae dhateng saliring kautaman.

8.       KIRANG 40 DINTEN

Kawistara manawi dariji asta dipun pekak pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun dariji manis ka angkat,yen sampun ka,angkat ajungjung dariji manis wau,utawi darijinipun sekawan sami dipun pekuk,kapetelaken dhalah epek-epekipun,dariji panunggul ingkang boten katekuk ka angkat,manawi sampun ka angkat ajungjung darijinipun panunggul wau,inggih ugi kirang 40 dinten.Punapa dene asring kejeng otot-ototipun,ula-ula kumedhut,asring supenanipun.ing ngriku pangenaning panelangsa,lan ngapuntena dhateng ingkang sampun kalepatan,lan anyuwun pangapunten dhateng sasami sami ingkang kaserikaken.

9.KURANG 10 DINTEN

Manawi mawas asta darijinipun katingal kalong,utawi ugel2ipun katingal pedot.ing ngriku panggenan amatrapaken pikekahing ngelmi kasampunan,inggih punika : Iman,Tokid,ma’ripat,Islam. Tegesipun iman,ngandhel ingkang dipun andhel kodrat kita,inggih kawasa kita pribadi,dumunging wonten ing eneng.tegesipun tohid,muhung satunggal.inggih punika pasrah dhteng irodat kita,inggih karsa kita pribadi,dumunging wonten ing ening.tegesipun ma’ripat,waskita.ingkang dipun waskitani ngelmu kita,inggih punika anguningani dununging dat,sipat,asma,afngal,(khantha,rupa,aran,pakerti utawi panggawe).Anggenipun ngawuningani dumuning ing awas tegesipun islam,wilujeng ingkang wilujeng punapa kayat kita inggih gesang kita pribadi,duunung wonten ing enget,inggih enget dhateng pangeran kita pribadi.punika datipun,dene angliputi ing alam sadaya.tegesipun jamal elok,ingkang elok punika sipatipun,dene dede jaler,dede estri,dede wandu,serta boten jaman makam,boten arah boten enggen,tanpa warna tanpa rupa.tegesipun kahar,misesa,ingkang misesa punika asmanipun.dene boten nama sinten-sinten,anjawi namung asmanipun pribadi kang amiisesa. Tegesipun, sampurna,ingkang sampurna punika apngalipn pandamelipun, dene saged, gumelar sami sanalika saking kawasa tanpa sangsaya.

10.KIRANG 15 DINTEN. Kawistara asring katingal warnanipun piyambak. Ing mriku panggenaning pamuja, aneges, karsaning kang maha kawasa, patrapipun manawi badhe sare mawi angendelna ing saniskara. Pamujanipun makaten : ana pupujaningsun sawiji, date iya datingsun, sipate iya sipatingsun, asmane iya asmaningsun,afngale iya afnglingsun. Ingsun puja ing patemon tunggal saka hananingsun, sampurna kalawan kodratingsun. Ing ngriku nyipta’a amuja tunggal, inggih punika : bapa biyung, kaki nini, garwa putra, wajah lan sasaminipun ingkang dados pelenging sih, sadaya wau nunggila wonten jaman kalanggengan.

11.KIRANG 8 DINTEN. Manawi sampun anandhang gerah, terkadang boten kersa dahar, boten saged sare ing ngriku panggenaning martabat. Patrapipun menawi bade sare utawi mentas wungu sare mawi angendelna ing saniskara,dene. Tobatipun makaten : ingsun nalangsa marandat ingsun dewe, regeding jisimingsun, gorohing atingsun, serenge napsuningsun, laline uripingsun salawase, ing mengko sun ruat sampurna sadosa ingsun kabeh, saka kodtingsun.

12.KIRANG 3 DINTEN. Manawi panggalih bingung, angraosaken gerah uyang, terkadang angedalaken tinja taun, utawi tinja kalong, punapa dene angedalaken cacing kalung utawi tembagi, pucuking purasa katingal karaos asrep, wani terag. Ing ngriku panggenaning anekseni datheng dat kita pribadi, mawi angadelaken saniskara. Anggenipun anekseni makaten : ingsun anekseni ing datingsun dewe, satuhune ora ana pangeran, nanging ingsun, lan anekseni ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang aran alloh iku badan ingsun, rosul iku rasaningsun, iya Muhammad iku cahya ingsun, iya ingsun kang urip ora kena ing pati, iya ingsun kang eling kang kena lali, iya ingsun kang langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita tan kasmaran ing sawiji-wiji, iya ingsun kang amurba amisesa kang kawasa serta wicaksana ora kakurangan ing pangerti, biar sampurna padang trawangan, ora krasa apa-apa amungingsun kang liputi ing alam kabeh kalawan kodratingsun.

13.KIRANG 2 DINTEN. Manawi babahan hawasanga sami karaos medal angin, terkadang darbe welas dateng badan kita pribadi. Ingriku panggenaning anucekaken sakatahing anasir bangsa, inggih punika bangsaning anasir khak ingkang dumuning wonten ing : dat, sipat, asma, afngal, kadosta anasiring badan asal sakinh bumi, latu, angin, lan toya, punika sadya kacipta’a suci mulia mantu datheng asalipun,sampuna’a anunggil kalian anasiring roh, ingkang sukanda wonten kahananing wujud, ngelmu, nur, suhud. Tegesipun wahana inggih punika roh, amargi roh punika dados kanyatahaning roh. Tegespun ngelmu, paninggal, inggih punika paninggaling netra balaka amargi paninggal punika dados pamawasing roh.tegesipun nur, cahya, inggih punika cahya, kang angliputi sarira, amargi cahya punika dados pathandhaning roh. Tegesipun suhud, saksi, inggih punika napas, amargi napas punika dados saksining roh. Dene anggenipun nyuci kaken mawi angandelaken ing sanikara, sarta nyebut ing dalem cipta makaten: ingsun anucekaken saliring anasir ingsun kang bangsa jasmani, suci mulia sampurna nunggal kalawan saliring anasiringsunkang bangsa rohano, nirmala waluyajati ing kahanan jati dening kodratingsun. Bersambung ke Bagian.3

SALAM….MUGA BERMANFA’AT KANGGO SING LAGI LAKU KEBATIANAN.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Djaka tolos / Wong Edan BaGu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://wongedanbagu.blogspot.com 
Posting Komentar